sesuai dugaan nek cangkemnya arek2 all day mbahas lamarane puput trs seng meneng tok mek ak karo sely njir sumpah mereka ngmng ngalor ngidul ak mek meneng ae fokus kerjo karo moto2i jam. ak y g kepo dan g kpngen eroh lamarane puput wingi.
pak yuf takon kebacut njir nek jareku mosok ya mau puput diceluk nang ruangane (nek iki ak wes mendugongnya) jls iki wong iki kate kepo soale kene kabeh iku wes apal karo tabiate dekne. tak pikir tuh ditakoni biasa ya lha kok beciknya puput cerito ak nek pak yuf sampek takon gajine calone barang kek yg ha??? opoo bos?? sampean wedi kesaingi a karo gajine calone puput?? nek iki kelewatan seh nek menurutku terlalu melanggar privasi, eh tp wongnya ncen g ngerti seh batas2 privasi ngonoku.
tak pikir iki mau g rapat soale husen g melbu tp ternyata show must go on. kabar baiknya adl akun cilik2 kate di remove dr kehidupanku dan ak fokus nang akun gede2. akhirnya stlah sekian lama tertekan mikir nyiapno mental ben g dihujat pak yuf trs. mugo2 mariki ak iso menaikkan omsetku. amin.
mau g sangu soale mls g ono seng kenek digowo. ono krawu y dikekno mbokku. y jls lah g mungkin tanteku seng jahat kabcaki baik karo ak.
gajian g nang fajar soale baqi sibuck. mau lampu jeding jare mas rij wes mati tp ternyata iku mek g diakakno anjir tiwasnya ak peng 2 nang jeding nggowo hp.
awakku pegel kabeh rasane dahal wingi kek b aja. iki men paling menyenangkan soale g dilepen dan g loro kabeh awakku. tp ak ttp umek nambang telek koceng nyapu nyiram dll.
asline ak pegel y tp g ena nek membatalkan janji karo bochan nang ismer jdnya mari magrib rono karo tuku lalapan. duitku wes tak plot kabeh gae opo2ne wes top up sakjut jg edyan ttp krg he bayaranku 🥲
klambiku y wes dadi tp kok elek y ncen kaine g nyambung c nek jareku
nenek mole dino iki to tekone sesok ak melu soale genke mocil sak adekne y melu sisan
heran karo cangkeme puput seng isone mek ngmng cie cie ae. duduk ak seh korbane tp sely karo husen, aneh bgt dahal husen mek ngmng "kon ojo tiru2 sel nyekel kakean akun" dialog ngono tok ae kok di cie cie iku seng cie apane seh?? iyo nek husen ngmng "sel kok kok ayu kon kon sexy" ngono ya pantes di cie cie. rodok heran ak karo arek autis siji iki. y iki seng nggarai husen g gelem nyeluk jenengku karo sely yo gara2 cangkeme puput iki seng cie2 trs.
kucinge tak culno kek biasa trs pas wayah tak lebokno mboh lapo sutim tantrum trs nyakar ak sampe dirijiku berdarah2. ndlodok ancen kucing siji iku.
bner jare mocil posene kek stiker seng vodka iku.
iki nguakak bgt mboh piye ngono wong2 nang quwait iku isok mekso bgt nek dino iku ultahe maken stlh tak gugling ternyata ultahe sek ulan ngarep donk 😭🤣😭🤣😭🤣 ak iso mbayangno raine maken seng haheho kocak bgt anjir ak saben nyawang iki mesti ngakak trs.
iki ak rodok krg paham keluar dr gekidan tp bkn berarti keluar teko ldh kan?
ALLAHU AKBAR ICCHAN 😭🔥
ak jan hueran tenan karo arek seng jnengnya abechan iki mosok ono idol hobine belajar??? dahal idol liyane hobine nek g ngegame shopping nggambar nah iki belajar????
warp up ku yg mek moco 5 buku ulan iki soale lbh asyik ndeloki konten2 suno 😭🙏
hari minggu ku yg datang seminggu sekali terpaksa harus terenggut soale kudu budal nang wbl 😒 baqi teko disikan trs baru liyane nyusl sely ak wedi kesasar tp ternyata ncen iyo dekne kebablasen gange dadinya kita budal jam 8.10 untunge mobile wes tak panasi jd iso langsung dal.
ngonoku nang embong seng diomongno y ttp pekoro kerjoan i rodok heran c ak asline lha wong iki budal healing kok malah bahas gawean 😒 tp disela2 iku ofc kene rasan2 pak yuf + pak rob + arek2 seng kediri iku.
alhamdulillah tekan panggon dg selamat soale prosoku supire g ndue sim soale pas tak takoni meneng ae untung nyetire ena.
wbl sepi c iku ukurane dadi nek antri2 ngono gosah ngenteni. awale nang omah koceng ternyata saiki ono koceng seng kenek digendong. seneng bgt ak tp keknya mereka g disayang temenan ngono karo seng njogo soale g di keki jeneng.
trs nang bioskop 3d asline rodok g seru c soale ak samsek g tegang dg ke-3d-an e atek g ono subtitele sisan untung ak mudeng
lanjut nang omah hantu hmm chill bgt ak soale seng jerit2 ppuput baqi karo sely y ngerti dw nek ak g wedi hantu jdnya ywd dan iku rasane kek cpt ngono dahal pas ak sek sd rasane iku suawi bgt pas menjelajah njerone. lanjut numpak tagada, iki pun biyen ak g wani numpak iki tp pas tak sawang maneh kok tagadane mengecil yo dan koyoknya g seekstrim iku akhire ak numpak lah iku karo puput + mas rij sisan sek ndredeg gara2 rs hantu. rasane iki jg b aja tp bokongku terbang ae.
lanjut ndelok museum kapal since ak g begitu seneng kapal tradisional jd ak b aja. bedo maneh nek iku kapal friget ta kapal induk 🤣🤣🤣
melbu istana boneka iki y g seru. lanjut foto2 nang 3d ak g sengojo njerit pas ono gambar ulo kek yg aneh bgt nang rs hantu g njerit blas eh nang panggon foto2 tok malah njerit.
melbu sarang bajak laut, rumah kaca iki seng rodok kocak soale ak malah terkesan karo lampu2ne yg mewarnai celono + sepatuku yg putih polos sampe ak kelangan mas rij seng mimpin dalan nang ngarep on 😭👎 ak nang gang biasa ae nyasaran opo maneh nang labirin kaca ngeneki halah ak nek melbu dewean ngono paling metune iso 2 taun kemudian 💔
apik bgt iki sikilku nang kene panjang dan jenjang 👍 ashii ga ii
arek2 ngejak numpak wahana ekstrim y ak emoh talah soale diawal ak wes ngmng nek ak gocik. baqo malah nemen iso mek numpak seng tembak2an tok iku i dg dalih gangguan mental 🤣🤣🤣 ak numpak kereto singo2an.
rijal boti ki ncen cangkeme nggarai bad mood ae. dahal awale lak ak ngmng karo baqi pekoro dekne melakukan pekerjaan rumah karo bojone, trs ak ngmng dong nek ojo gelem diperbudak karo wong lanang soale kon iku bojone duduk babune. i mean kawin iku lak team work g c?? saiki baqi kerjo bojone y kerjo nek podo kerjone lapo kok seng berkewajiban membersihkan rumah mek wong wedok tok?? kan g masuk nang nalar dan ideologi hidupku ya?? lagian g ono salahe kok membantu istri 😒 isoo moro2 dekne nyamber nek nang islam iku g oleh emansipasi, ak lnsgsng meneng soale males debat musuh si boti. nek kon menenerapkan ngono lho kon g ngara nyawang ak nang kene soale wong wedok kan g oleh kerjo??? tp ak meneng ae mls ak buang2 tenaga karo wong seng pikirane sempit kek ngono, percuma.
maringono ak meneng tok sampek mole wes kadung mls soale. soale angry languageku kan ncen silent treatment. baqi curhat yoan pekoro dekne dianui pekoro hamil, y bs ditebaklah ya sopo seng cangkemnya paling getol ngerecoki baqi diantara kita 😒 seng wedi baqi diusir mbokne lah maringono dikongkon manggon omah dw.
saiki lho pikiren baqi areke wedian mbok kobgkon omah dw sedangkan dekne ldr karo bojone opo g jerit2 trs baqi nek ditinggal kerjo?? kek uteke i lo nandi??? trs ngonoku dg bangganya dekne ngmng nek "ena omah dw, wingi erni korrahane numpuk lho lagek dikorai bengi" lho cangkemu i lo ngmnv opo? y ak reflek, "lapo kok g mbok ewangi?" logikane lak ngono c ya sakjane nek bojomu pegel ta males yo iku candaken cok ojo mbok eksploitasi trs bojomu iku. dih duduk suami idaman ncen tuan boti yg satu ini.
eh btw apik ya nek dekne dikeki julukan tuan boti. soale muanja + cangkeme lamis nemen koyok ibuk2 nek ngerumpi nang ngarep omahe mbah asti 😒
sumpah arek2 iki y ngomong ae berisik!! kabeh2 diromantisasi, kek yg urip mereka tuh hanya untuk pacaran kawin ndue anak ngentot wes ngono tok dahal seng dikejar asline sek ono akeh lho g perkoro iku tok tp mereka suweneng i mbahas bahasan yg g berbobot kek ngono. keknya hampir bendino jg mereka bahas ngonoku.
mampir tuku kembang. nang papa.
si anjir sampe lali nek nemu nyambek maneh cobak. ak krungu ono suarane arek lugur eh ternyata nyambek ywd ditebek deh kek biasane iki wes ketiga kalinya.
WOY OMIGUN 😭🫶 IKI MAYAN ISO MENGOBATI BAD MOOD KU
jun kok g kek jun y tp kek atuy nek ngene
iki kaget c nang jpg aaline sepanas opo kok iso sampe kek ngene dan kpn hari kan kulite hokuchan sampe abang2 gara2 kepanasen
ketangi jam 3 gara2 irungku klebon nyamuk 🖕 sumpah ak tuh pgn oleh tidur yg berkualitas ngono lho ah 😒 tp nyamuke ncen brutal uakeh iki mau pas tak semprot. beciknya ak mau tangi jam 9 lbh. wah sungguh menyenangkan ncen iso tangi awan 🥹 kesempatan langka sak minggu pisan.
yabai tenggorokanku mulai g ena maneh dahal ak wes seneng iso nguntal sembarang kalir 🥲
mari sarapan kabcaki oleh vc tibaknya live stream hime sekarat 🥲 tibaknya mati temenan arek iku mau.
pas wes temenan wafat ak rono gae ngelayat. tante sampe ngongko tuku kembang karo kain kafan 😭 soale iku koceng kesayangane dadinya y diperlakukan kek manusia temenan tp untunge mau ono popoke kocat dadinya nggae iku ae g sido tuku kain kafan 🥲 tp ttp budal nang pasar tuku kembang karo bochan ibon.
panas2 nyele pacul nang om rijal trs dikedukno pamanku sinoman gali kubur gae jenazah kucing. sakno arek iki dadi piatu ditinggal mbkone 🥲
tibaknya pamanku ndue selang canggih jdnya mau nunut ngumbah sepeda sisan diumbahno bochan karo bapakne. makaxie.
adus sembayang bobok ciang.
bengi iki mau kate dijak main wewof karo bochan sak genknya tp ak mlz jd pas ditelpon ak sengojo budal adus 😐 ben g dijak main.
beres2 kamar dan ywd bersiap sesok menyambut senin yg probably agak berat soale mulai sesok ak mengcover pekerjaane aldi 🥲
seneng bgt soale ternyata sesok prei gaes 🥹 alhamdulillah ya allah soale selama ini ak g tau prei sesue ini. mulai sesok smpk tgl 24 🥹 saikoooo 🤩👍 tp mosok mau cangkemnya rijal ngomong nek pas piket dikongkon melbu kabeh ndasmu a seng melbu kabeh ak mudik blok iso sak kuarepe dw i lho dahal pak yuf pak rob yo ngerti nek ak mudik 😒🖕 mboh kita lihat saja mene yak apa jluntrungane.
mau bener2 gabut trs beres2 titik ak nyapu njero soale nek nang njobo ngko migren dadinya y begitu.
mau thr g langsung dikekno leren ditakon2i jam tp untunge ak melbu karo rijal duh tipikal pak yuf bgt senengane takon2 sek sak durungnya ngekeki duit. oleh prsel barang tp g segede + seabot taun wingi c.
iki mau ditalino husen tumben bgt sumpah arek iku gelem ngewangi ak biasane cuek bebek g peduli bah ak jungkir walik bah lapo. tp prosoku dekne wes g semeneng maneh nang ak ket dekne salah ngomong biyen deh seng pas ak "masio ak yatim ak sek ndue keluarga" nah ket iku dekne rodok melunak.
bobok ciang tak enak2no soale sesok prei 😭👍 tangi turu adus sembayang langsung nang chan ngijolno duit ampau. pas ak rono beciknya pas mole ibuknya chan kabcaki ngekekno zam2 gae nenek i kaget gue yoan dahal iku kan wes berlalu sue beliau mole umroh tp jarenya sengojo disimpen gae uti ngono i. tp makasih tante ju semoga selalu lancar rezeki. amin 🤲
duit gae ampau wes tak toto kabeh karek sesok dijudikan ngenteni mocil teko.
anw akhirnya ak poso maneh gaes alhamdulillah. poso karek pirang dino tok ak merasa eman bgt soale wes men 9 dino dan utangku dadi 9 yoan 🥲 maringono pas ak ngaji tambah sedih soale i dont think iso khatam sak durungnya riyoyo 🥲 wes akeh waktu yg tak buang percuma pas ak men 💔
teraweh karo mbul ibon soale bochan kabcaki buber nang njobo tante males masak prosoku. mole teraweh nang tante demi cimori siji karo incip jajann. tibaknya anakne himekun luwucu2 gaes ulune kek buntelan kabeh tp sayang penyakiten 🥲
kabcaki mocil vc njaluk penjelasan + ngejak ak rono yo ak emoh donk soale wedine ngko ndang pas papa mole beliau g menemukan ak nang omah piye?
sembarang kalir dibahas mocil ngunyah trs ngudang sapiko pamer koceng pamer coklat dll sampe meh jam 11 ak g begitu memperhatikan soale karo yutuban nang tipi ndelok kak nat n the genk.
speaking of kak nat ...
AKHIRNYA SAYANGKU CINTAKU SUAMIKU PUJAAN HATIKU CHEF KEBANGGAANKU ONO JADWAL NGELIVE NANG COOKPAD 😭😭😭😭😭😭😭😭😭😭😭👍 I CANT WAIT TO SEE HOT GUY COOKING MANA IKU PAS RIYOYOAN SISAN YA ALLAH CURIGA AK KOYOKNYA DIA MASAK KETUPAT OPOR AYAM 😭👍
tp pas tgl iku ak otw mole teko jember wedine pas ak sek nang embong 🥲 tp mugo2 ae wes tekan omah. amin 🤲
cangkemku seng selama ini ngeributi kangen nonton kak nat masak ngelive nang cookpad akhirnya terkabulkan. makasih ya allah alhamdulillah 🤲 semoga natsuki sawamoto menjadi jodohku. amin 🤲
also video kak nat + leiya seng dadi tukang parkir akhirnya rilis today hikd sudah ku dugong nek kak nat pasti ganteng paripurna meakipun nggae seragam tukang parkir 🥹❤️
look at his sexy jawline bruhhh im speechless g iso berkata2 selain kumur2 ngetokno kata2 random teko cangkemku 😭👍❤️ duh pengen tak spam cium ae iku rainya yg ganteng manly + hot asf ❤️ pas isuk mau kak nat ncen rodok sepi konten areknya g on ig blas trs pas rodok bengi barulah kehujanan konten 😭👍 love you always kak nat ❤️ cant wait to see you masak2 🥰
eh anw ak mabengi karna kering konten kak nat bgt ak stalk lah igne sekai dan postingane akeh uga trs ak ternyata iso menelusuri sejarah fanta teko postingan ignya iku.
jd podo kek jsb + gene si sekai karo si tai mencari member dancer gae membentuk boiben trs di mushasogyo barulah iku fanta nggolek posisi vocal 2 org nah pertama iku yuse seng join baru sota. dilihat teko postingan predebutnya nek si member semg g sido debut gara2 wafat iku g sido wafat kak nat iku centere fanta lho asline. pas mereka full dancer tok kak nat center logikane nek ketanbahan 2 member lak dadinya 9 nah si vokal posisine pasti dikiri kanan center donk kek naoki as center jsb / yuta as center gene meskipun mereka berdua bkn member mahal.
also seng tak bingungkan adalah nande dalam satu grup harus ada 2 shota? dahal klen sebelumnya wes ndue 2 natsuki cobak?? sumpah ak baru ngeh nek seng wafat iku jenengnya nakao shota meh memper bgt g tuh karo nakajima shota?? literally iku bedo satu kanji tok. dan sochan keknya g begitu sering ketemu si alm shota (i still dk why alm shota diceluk shotaman) soale mereka bondingnya kurang kuat nek dibanding karo member liyane n same as yusei too. mangkane nandi2 mereka mesti nggowo boneka bunga matahari dg dasar angka 9 gae pengganti si shotaman iku mau 🥹 ak jd kasian dan terharu karo persahabatan mereka 🥲
teros teros teros y'll please lay attention to this guy bcs icchan really adkakskwjnsbdk cool bgt sumpah ih oshi wrecker bgt arek iki 😭🫶
welkam febuari tp gajiku tyda kunjung di transfer karo si wiliam daendles. also today is tanggal abang imlekan mangkane aku seneng preian. aku ket wingi off watsap sengojo ben g dijak metu soale aku wes miskin g ndue duit. aku bukan tipe orang yg memaksa nek g ndue duit kudu di ndue2no, lagian aku yo mager ena nang omah.
aku sek tas nyadar nek semua yg telah berlalu iku mek iso dikenang lewat 2 hal yaitu foto dan tulisan. i shouldnt males isi tumblr yo meskipun mek satu paragraf. soale aku sek tas iki mau nemu fotoku pas masa kecil nang omah wetan, ono foto karo ayahku barang.
aku pgn umbah2 tp kok wes digae tante disikan. beres2 kamar yo wes mari karek nyapu tok trs aku bingung seh kudu lapo, aku kudu co sopi tp duite gung ono ancen wiliem deandles iki omong tok, dekne lali paling nggaji karyawane.
aku iki mau akhire metu karo meme berdua tok soale maya ngelesi dan atun koyoke ancen ngeles soale gung iso bayar utang nang meme.
nah aku mau ditraktir meme dalam rangka imlekan paling, kene ndelok film homo nang kfc buset aku ngefly. makasih meme.